Minggu, 21 Januari 2018

SERAT WEDHATAMA


Sinau Serat Whedhatama



Tembang macapat kalebu salah sijining karya sastra Jawa ingkang adhiluhung. Mula kula lan panjenengan sedaya kudu tansah muji syukur marang Pangeran kang Mahakuwasa kanthi nglestarekake lan ngrembakake kasusastran Jawa tembang macapat.
Mula bukane tembang macapat kaserat ana buku Mardawalagu anggitane R.Ng. Ranggawarsita, “kasebut tembang macapat amarga, wacan kapisan ngemot sekar ageng utawa tembang gedhe, kapindho uga ngemot tembang gedhe, katelu ngemot tembang tengahan, dene wacan kaping papat ngemot tembang alit utawa tembang macapat.   Wacan kasebut yen kasebutake kanthi runtut dadi maca salagu, maca rolagu, maca trilagu, lan maca pat lagu. Dadi maca patlagu kang isine tembang Alit nganti saiki misuwur tembang macapat.
Salah sijining serat kang migunakake tembang macapat yaiku Serat Wedhatama anggitanipun KGPH Mangkunegara IV. Serat Wédhatama kuwi sawijining karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mliginé bab kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang lair kanthi asma Raden Mas Sudira ing dina Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, yaiku: serat, wédha lan tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama, dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: sawijining susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah sawijining susastra Jawa sing banget misuwur lan unggul utamané ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa. Wedhatama saka tembung wedha lan tama. Wedha tegese piwulang dene tama tegese utama. Dadi serat Wedhatama tegese wacan kang isine piwulang luhur kanggo manungsa ana ing bebrayan agung.
Tembung Wedhatama ditegesi ilmu kang utama, sengaja kaanggit wujud tembang, amrih gampang diapalake. Ing pada kapisan, sapa wae kudu ngedohi napsu angkara kanggo sangu nggulawentah putra. Piwulang iku ora mung katujokake kanggo para mudha nanging uga para sepuh. Sabanjure uga diterangake titikane wong pinter lan bodho. Yen wong bodho iku titikane tansah nggugu karepe dhewe, yen omong cal-cul tanpa dipikir luwih dhisik, kuminter, emoh yen dianggep bodho lan mendem aleman, akeh omonge sing tanpa guna. Dene wong pinter, alus solah bawane, andhap asor, becik bebudene / tumindake, ora seneng pamer, ora gampang mutung yen disaruwe, pikire wening, yen ngrampungake perkara kebak ing kawicaksanan.

Wedhatama nelakake, apa sajatine wong sing bisa dianggep diwasa yaiku gegondhelane agama, ora putus ing ilmu agama bisa nyapih hawa nepsune, mawas manunggaling kawula Gusti. Dene para mudha lumakuwa minangka satriya Jawa (nyonto laku utamane Panembahan Senapati, raja kapisan bumi Mataram). Titikane satriya Jawa yaiku lila yen kelangan, sabar ing pacoban, pasrah lan tawakal mring Gusti. Ing Wedhatama uga ana pitutur wong urip kudu nindakake tapa brata, ing jaman saiki bisa ditegesi tirakat, urip samadya (prasaja). Ancase supaya anak putune urip kepenak, dhuwur drajad lan pangkate. Dhasaring urip wong Jawa iku ana 3 yaiku wirya (pangkat). Arta (sugih bandha), lan winasis (pinter). Yen urip dadi wong angguran, rekasa uripe, bodho (ora duwe ngelmu) bebasan uripe aji godhong jati aking.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SERAT WEDHATAMA

Sinau Serat Whedhatama Tembang macapat kalebu salah sijining karya sastra Jawa ingkang adhiluhung. Mula kula lan panjenengan seda...