Minggu, 07 November 2010

PITUTUR KANG BECIK


Yen kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka kalungguhane kang endhek dewe. Kawit klawan mengkono ing tembe siro ora disepeleake dening bawahanmu, lan kang utama yaiku sira nuli bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak deksura, ananing mung sarwo kebak tepa selira.

Sing nyebabake wong ngrasa tansah ora cukup yaiku amarga dheweke nggunakake pathokan barang-barang lan kahanan iku tansah owah gingsir miturut sebab lan kedadeyan, mula wong bakal ngrasa tansah kurang.

Sapa bae kang rumangsa dadi pemimpin, mbudidoyoa amri sakabehing pangucap lan tandang grayangmu tansah bisoa jumbuh nyawiji. Jumbuhing pangucap lan tandang iku perlu, jalaran kedhale lisanmu kang wus kadhung kawetu kudu bisa digugu, kang jangkahmu kang wus kadhung lumaku kudu bisa ditiru. Yen ora mengkono jeneh kaya wong wuta kang nggawa obor.

Aja tansah kepengin diemong, nanging kepara bisoa dadi pamong menawa kowe kepingin tansah bisa gawe reseping pasrawungan. Lire kabeh mitaramu gawenen seneng atine, sarana aweh pitulungan lan bantuan sak kuwasamu yen ana sing nandhang reribet.Wondene yen ora kuwagang, aran wis prayoga yen kowe ora gawe seriking liyan.

Wong kang tansah nduwe watak njaluk diemong dening kabeh kanca tetepungane iku, adate sak ucap tindake tansah njaluk dibenerake. Yen ana wong liya kang cengkah karo panemune, gedhene ngluputake, mesti disatroni. Wong kang tansah njaluk benere dhewe iku karan durung dewasa, ora beda karo bocah cilik. Aran utama yen sira tansah bisa ngemong sakabehing mitra karuhmu.

Yen sira dipasrahi kuwajiban dening wong liya, tindakna kanthi tememen kaya pangarep arep yen kowe masrahi kewajiban marang wong liya. Semono ugo yen sira lumuh dilarani atimu, mesthine kowe dhewe ya kudu lumuh natoni atining liyan. Kabeh iku dhasare ora ana liya ya mung kudu bisa tepa selira.
Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Ewa semono aja nganti kowe kesusu mbecikake kaluputane liyan yen awakmu dhewe rumangsa sawijining wong kang wis ngerti marang jejering manungsa, manungsa kang utama.

SERAT WEDHATAMA

Sinau Serat Whedhatama Tembang macapat kalebu salah sijining karya sastra Jawa ingkang adhiluhung. Mula kula lan panjenengan seda...