Sinau Serat Whedhatama
Tembang macapat kalebu salah sijining karya sastra Jawa ingkang adhiluhung. Mula kula lan panjenengan sedaya kudu tansah muji syukur marang Pangeran kang Mahakuwasa kanthi nglestarekake lan ngrembakake kasusastran Jawa tembang macapat.
Mula
bukane tembang macapat kaserat ana buku Mardawalagu anggitane R.Ng.
Ranggawarsita, “kasebut tembang macapat amarga, wacan kapisan ngemot
sekar ageng utawa tembang gedhe, kapindho uga ngemot tembang gedhe, katelu
ngemot tembang tengahan, dene wacan kaping papat ngemot tembang alit utawa
tembang macapat. Wacan kasebut yen
kasebutake kanthi runtut dadi maca salagu, maca rolagu, maca trilagu, lan maca
pat lagu. Dadi maca patlagu kang isine tembang Alit nganti saiki misuwur
tembang macapat.
Salah
sijining serat kang migunakake tembang macapat yaiku Serat Wedhatama
anggitanipun KGPH Mangkunegara IV. Serat Wédhatama kuwi
sawijining karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mliginé
bab kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran
Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang lair kanthi asma Raden Mas Sudira ing dina
Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738,
utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Tembung
Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, yaiku: serat, wédha lan tama. Serat,
tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama,
dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: sawijining
susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé manungsa.
Serat Wédhatama kalebu salah sawijining susastra Jawa sing banget misuwur lan
unggul utamané ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé
manungsa. Wedhatama saka
tembung wedha lan tama. Wedha tegese piwulang dene tama
tegese utama. Dadi serat Wedhatama tegese wacan kang isine piwulang luhur
kanggo manungsa ana ing bebrayan agung.
Tembung Wedhatama ditegesi ilmu kang utama, sengaja
kaanggit wujud tembang, amrih gampang diapalake. Ing pada kapisan, sapa wae
kudu ngedohi napsu angkara kanggo sangu nggulawentah putra. Piwulang iku ora
mung katujokake kanggo para mudha nanging uga para sepuh. Sabanjure uga
diterangake titikane wong pinter lan bodho. Yen wong bodho iku titikane tansah
nggugu karepe dhewe, yen omong cal-cul tanpa dipikir luwih dhisik, kuminter,
emoh yen dianggep bodho lan mendem aleman, akeh omonge sing tanpa guna. Dene
wong pinter, alus solah bawane, andhap asor, becik bebudene / tumindake, ora
seneng pamer, ora gampang mutung yen disaruwe, pikire wening, yen ngrampungake
perkara kebak ing kawicaksanan.
Wedhatama nelakake, apa sajatine wong sing bisa
dianggep diwasa yaiku gegondhelane agama, ora putus ing ilmu agama bisa nyapih
hawa nepsune, mawas manunggaling kawula Gusti. Dene para mudha lumakuwa
minangka satriya Jawa (nyonto laku utamane Panembahan Senapati, raja kapisan
bumi Mataram). Titikane satriya Jawa yaiku lila yen kelangan, sabar ing
pacoban, pasrah lan tawakal mring Gusti. Ing Wedhatama uga ana pitutur wong
urip kudu nindakake tapa brata, ing jaman saiki bisa ditegesi tirakat, urip
samadya (prasaja). Ancase supaya anak putune urip kepenak, dhuwur drajad lan
pangkate. Dhasaring urip wong Jawa iku ana 3 yaiku wirya (pangkat). Arta (sugih
bandha), lan winasis (pinter). Yen urip dadi wong angguran, rekasa uripe, bodho
(ora duwe ngelmu) bebasan uripe aji godhong jati aking.